Jumat, 20 Februari 2015

NASKAH PIDHATO BASA JAWA - PENYULUHAN KESEHATAN LINGKUNGAN

PENYULUHAN KESEHATAN LINGKUNGAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Dhumateng Kepala Sekolah ingkang kulo hormati.
Dhumateng Bapak/Ibu guru SMPN 1 Cluring ingkang kulo hormati.
Dhumateng Bapak Misnan kaliyan Bu Ramini ingkang kulo hormati.
Para rencang-rancang ingkang kulo tresnani.
Minangka purwakaning atur,mangga sedaya aturaken puja-puji syukur dumateng Gusti Ingkang Maha Kuasa.Dene kita sedaya sampun pinaringan kanugrahan kesehatan jasmani lan rokhani,saengga kita saged kempal dhateng mriki,kagem mirengaken sesorah saking kulo, ing babagan penyuluhan kesehatan lingkungan.
Bab kesarasan lan kebersihan lingkungan punika wigatos sanget kalian kepentingan kita sedaya. Kesarasan punika awis reginipun tumraping kita bebrayan. Dados menawi badan kita menika sehat umamipun ing sajroning jiwa kita ugi luwih gampang anggenipun mikir samubarangipun, nanging menawi badan kita mboten sehat mboten saget mikir kanthi sae. Kesarasan badan kita menika dipun temtokaken dining kebersihan lingkungan. Kebersihan lingkungan puniko inggih perlu kita gatosaken, langkung-langkung lingkungan griya kita piyambak. Menawi lingkungan reget cepet nuwuhaken penyakit. Penyakit sakmenika kathah, ingkang punika, demam berdarah, flu burung, aspa, sar, lan kathah sanesipun. Pramila saking punika sumangga lingkungan kita gesang dipun gulowenthah ingkang sae sampun ngantos nuwuhaken penyakit.
Mekaten ingkang saged kulo aturaken,mbok bilih wonten kelepatan lan kekurangan anggen kulo matur,kulo nyuwun pangapura. Akhirul kalam. Wassalamu’alaikum wr.wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar