Jumat, 20 Februari 2015

NASKAH PIDHATO BAHASA JAWA - MANFAAT MAOS BUKU

MANFAAT MAOS BUKU
Assalamu’alaikum wr.wb.
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang kulo hormati.
Dhumateng Bapak/Ibu guru SMPN 1 Cluring ingkang kulo hormati.
Dhumateng Bapak Misnan kaliyan Bu Ramini ingkang kulo hormati.
Para rencang-rancang ingkang kulo tresnani.
            Minangka purwakaning atur,mangga sedaya aturaken puja-puji syukur dumateng Gusti Ingkang Maha Kuasa.Dene kita sedaya sampun pinaringan kanugrahan kesehatan jasmani lan rokhani,saengga kita saged kempal dhateng mriki,kagem mirengaken sesorah saking kulo.
            Dateng mriki kulo badhe ngaturaken bab pentinge maos buku.Amargi saking maos buku kita saged nggladhi ilmu lan kapintuk pengetahuan ingkang kathah.
            Buku nopo mawon saged kita waos,nanging kudu atur manfaat marang awakdewe.Kayata novel,roman,koran,lan majalahkang atur manfaat.Maos buku mboten mung saged nglatih basa kang kita nggadahi nanging saged nambah wawasan kita.
            Kathah pepatah kang dhawuh,”BUKU JEMBATAN ILMU”.Buku nggadahi makna kang penting damel masyarakat umum,nanging kang paling utaminipun damel para siswa,amargi saking buku para siswa saged nambah ilmunipun kang tasik kirang.Para siswa dianjuraken sregep maos buku pelajaran kang tansah penting damel nuntut ilmu.
            Tiyang ingkang sregep maos buku,kedahipun saged atur manfaat marang tiyang sanes.Amargi,piyambake nggadah kathah ilmu kang saged dibagekake.
Hadirin ingkang kulo hormati,
            Kulo dhateng mriki badhe ngajak para rencang numbuhaken minat maos buku,amargi kathah manfaat kang saged kita pundhut saking maos buku lan saged ndadekaken Indonesia kang luwih cerdas.Mangga kita milai sregep maos buku milai sakniki.
            Saged kita simpulaken menawi,maos buku menika ndugikaken kathah manfaat kang saged kita rasakaken, sampek kita dewasa damel masa depan kita punika.
Mekaten ingkang saged kulo aturaken,mbok bilih wonten kelepatan lan kekurangan anggen kulo matur,kulo nyuwun pangapura.Akhirul kalam.Wassalamu’alaikum wr.wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar